Senin, 03 Juni 2013

PIDHATO PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG



PIDHATO PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum wr wb
Para sesepuh lan pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan, tamu kakung saha putrid ingkang kula bekteni, lan keluarga Bapak Sastro Kusuma ingkang kula bekteni ugi. Langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung tur Maha Asih saengga kita saged makempal wonten dalemipun Bapak Sastro Kusuma kangge angestreni dhaupipun Aditya Surya Saputra putranipun Bapak Bambang Sastrodiningrat kaliyan Dewi Ayu Sekarini putrinipun Bapak Sastro Kusuma.
Para rawuh ingkang kawula bekteni, kula minangka sesulihipun saking Bapak Bambang Sastrodiningrat. Sepisan kula ngaturaken silaturahmi dhumateng keluarga Bapak Sastro Kusuma. Kaping kalih kula ngaturaken salam taklimipun saking Bapak Bambang Sastrodiningrat katur dhumateng Bapak  Sastro Kusuma. Ingkang wigatos, kula badhe masrahaken calon penganten kakung inggih menika Aditya Surya Saputra ingkang badhe dipun ijabaken ngenjang.
Mugi-mugi Aditya Surya Saputra kaliyan Dewi Ayu Sekarini saged mangun balewisma dados keluarga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah. Mugi-mugi enggal dipun paringi putra lan putri ingkang sholeh lan sholehah. Amin Ya Robbal ‘Alamin.  
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar